PEMUTAKIRAN DATA UNIT PENGOLAH HASIL PETERNAKAN KABUPATEN SIGI

Kasuwun kawigatosanipun para rawuh Workshop Pemutakiran Data Unit Pengolah Hasil Peternakan se Jawa Tengah kagem fokus dumateng adicara punika. Makaten aturipun Kabid PSP Disnakeswan Provinsi Jawa Tengah dinten Kamis 31 Oktober 2019.
 
Workshop karawuhan dening para pelaku usaha pengolahan hasil peternakan cacah 48 unit saha pendamping saking dinas ingkang kawogan urusan peternakan kabupaten kota.
 
Ingkang dados kawigatosan pangandikanipun Bapak Kepala Disnakeswan ing antawisipun data punika penting kagem tujuan pengawasan pembinaan kaliyan perencanaan pembangunan. Ugi wigatos bilih sektor peternakan gadhah tanggungjawab penyediaan protein hewan ingkang sehat. Kasuwun para pelaku usaha ngompliti perijinan usaha umpaminipun Nomer Kontrol Veteriner kagem syarat higienis sanitasi. Makaten ugi perijinan sanesipun PIRT BPOM / MD saha Halal saking MUI.
 
Workshop punika karawuhan narasumber saking Dit. PPH Nak,  Ditjen PKH Kementan RI mas Rangga, ingkang rena paring bimbingan pembinaan aplikasi data Si Upin nggih punika Sistem Informasi Usaha Pengolahan Hasil Peternakan Indonesia.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

× Whatsapp